Neng salah sakwijining “kancing” neng Blogku iki sing jenenge “Miturut Aku” (About Me) aku wis janji yen Blogku isi arep ditulis ing tri-basa, yakuwi basa Indonesia kanggo para mahasiswaku, basa Inggris kanggo crita bab anakku, kucingku lan tanduranku, lan sing pungkasan crita nganggo basa Jawa..
Lha sing pungkasan kuwi sing paling angel dilaksanake. Yen bab basa Indonesia paling gampang soale neng dina-dina aku wis ngomong nganggo basa Indonesia : neng ngomah, neng kantor, neng kampus, neng pasar. Terus bab basa Inggris ya gampang soale ketoke basa Inggris kuwi manggon neng memoriku sing paling anyar (least recently used). Tapi nek basa Jawa iku angel soale dina-dina aku jarang nganggo basa Jawa ing panggon nyambut gaweku ing Jakarta kene. Yen isih nganggo ngomong bab panganan, panggonan, apa hiburan, ya aku isih isa. Nanging yen dikon crita nganggo basa Jawa saiki, ya aku luwih becik dikon ngecet lapangan badminton !
Ngene critaku iki. Pas aku lagi kelas siji Sekolah Rakyat ing SR Mojorejo I Ngrowo Madiun, wektu iku neng radio RRI pas populer banget lagu-lagune basa Jawa Kris Biantoro. Aku wis lali apa judul lagune, tapi sak baris syaire unine…”Tak cokot alot….” sing cerita bab lampu listrik mati lan deweke luwe lan pas golek panganan pas didemek ana benda sing bentuke kaya onde-onde. Pas dicokot, jebul alot banget…lha wong blangkon-e sing dicokot !!!! (He..he…kajaba alot, mestinya ya kecut banget…he..he..)..
Nah pas populere lagune Kris Biantoro sing judule “Blangkon” kuwi, tukang-tukang becak ing Madiun ya nduweni “kosakata” nyanyian dewe. Aku ora ngerti saka ngendi asale lagu kuwi, terus sapa sing nyanyekke. Sing jelas, tukang-tukang becak ing jaman sak mono ketoke seneng banget uripe. Maksudku dudu penghasilane, ning kualitas uripe sing katone ora ana beban sing abot kanggo ditanggung. Tukang becak neng Madiun pada jaman kuki senenge sesenggakan. Yakuwi sakwijining tukang becak mancing nganggo sak baris nyanyian, njur mengko tukang becak sing liyane mangsuli pancingan kancane kuwi. Contone kaya ngene ..
“Eeee…tape ketan”, sakwijining tukang becak mancing nyanyian..
“Eeee…jolie”, tukang becak sing liyane pada mangsuli…
“Eeee…tape ketan”, mancing maneh…
“Eeee…tape mambu !”, sing liyane pada mangsuli..
“Eeee…tapeee”, pancingan sing iki…
“Joli…”, jawab sing liya-liyane..
Ngono dinyanyekke karo para tukang becak neng Klethak Madiun pas aku lan ibuku lan mbakyu-mbakyuku pada lunga neng Njuritan, sisih kulon kali saka Klethak..
Ing sakwijining dina pas tanggal enom, ibuku lan telu anake arep numpak becak saka Mojorejo wetan jembatan pos polisi kae arep lunga neng Klethak persis ing sebelah wetane jembatan kereta api sing nyebrangi Sungai Madiun kae…
“Pinten pak ?”, pitakone Ibuku neng sakwijining tukang becak..
“Kalih atus, Bu”, jawabe tukang becak mau..
“Satus nggih”, ibu lagi ngenyang..
Wiwite tukang becak mau tetep keukeuh (lho kok basa Sunda ?) ora gelem. Tapi amarga mungkin deweke wis suwe nunggu ora oleh tarikan dina kuwi, tukang becake terus njupuk becake lan mapanke becake ben ibuku lan aku lan mbakyu-mbakyuku isa mlebu neng becak. Sakwise kuwi tukang becake ngontel becak alon-alon nyusuri Jalan Kol. Marhadi, belok kanan neng Jalan Dr. Sutomo, belok kiri neng Jalan Stasiun, belok kiri maneh neng Jalan Pahlawan, lan belok kanan neng Jalan Klethak..
Wis tekan ! Becake mandeg lan wong papat mudun saka becak. Ibuku njur mbayar becake mau satus ripis. Mungkin tukang becake mau sak dina-dina durung narik lan durung mangan. Lha dikon ngontel becak jarak 3 km saka Mojorejo nganti Klethak mungkin deweke berat lan ngelih banget mungkin durung mangan..
“Mboten Bu, kalih atus !”, omongane wis wiwit kethus..
“Lho mau janjine mung satus !”, ibuku tetep kalem lan ngewehke duwit satus ripis..
“Kalih atus !”. “Satus”. “Kalih atus !!!”. “Satus.”. Kira-kira ngono mau perdebatan antara si tukang becake lan ibuku..
Ndelok tukang becak sing kurang ajar mau, tukang-tukang becak liyane ngewangi ibuku sing wanita lemah tak berdaya. Sesenggakane tukang becak sing mbela ibuku sangsaya suwe sangsaya banter. Terus tukang-tukang becak sing mangkal neng Klethak mau nyanyi…
“Tapeeeeeee…..”, pancingan sing siji..
“Mambu !!!!!!!”, jawab sing liyane…
“Tapeeeeeeeeeee…..”, pancingan sing sijine manehh…
“Mambuuuuuu……”, jawab tukang becak liyane..
Dielokne tukang becak liyane “Tape Mambu”, tukang becak sing ngeyel ora karuwan mau nyaut duwit satus sing disodorke karo ibuku. Tanpa ngomong sak kecap, deweke njur ninggalake sak kelompok becak sing isih mangkal nunggu penumpang neng Klethak…
Wah, cerita sing aneh. Nesune si tukang becak isa diredam tanpa gelut ning kanthi nyanyian…”Tapeeee…..mambu !”..
Ha..ha..ha.. Hopo tumon ?