Hepi Palentin

Kampret lan Klombrot tumben sore-sore ketemu neng ngarepe Bioskop Lawu sing arsitekture Art Deco werna klawu. Sakjane ora janjian lha wong sing siji omahe kulon kali mBediyun, sing sijine omahe wetan kali. Pas jam 19.45 teng kakancan loro sing gawene ngobrol lan gawene gelut mau tekan buke Bioskop Lawu. Kampret nganggo sepeda Simplex sing ana berko-ne, lan Klombrot ngangge sepeda BSA uga nganggo berko…

Sakwise ngguyu cilik, Kampret ngetokne gawane yakuwi rokok Klembak Menyan cap “Koenir”. Sakwise bungkuse dibukak, Kampret nawarke neng Klombrot sing langsung nyamber siji lan diurupne nganggo korek jres sing ana tulisane “Tanda endas tandi stikor”. Wah, neng kalangan wong enom neng Tanah Jowo merk kuwi terkenal banget soale ana tanda sirahe barang..

Kanthi klepas-klepus, Kampret lan Klombrot membahas Dina Palentin…

“Pret, piye kowe sesuk ? Saiki kan wis tanggal 13 Pebruar, opo kowe arep ngekeki layang Sugeng Dinten Palentin neng pacarmu Sentul Kenyut ?”, mengkono pitakone Klombrot..

“Iyo ki aku jik bingung arep ngrayakne Dina Palentin opo ora yo. Jarene Dina Palentin kuwi ming akal-akalane toko sing dodol kartu ucapan sing jenengane Hol-Marek saka ngAmberikah kana. Tapi merga tresnaku neng pacarku Sriwilkutil pancene wis beyon komper…yo wis engko bengi tak tulise surat Sugeng Dinten Palentin ngge Sriwilkutil”..

Mangkono obrolane cah loro mau, Kampret lan Klombrot, sing tetep ngobrol karo klepas klepus rokok klembak “Koenir”, disambi karo mangan kacang goreng sangane mas Gendut, disambi karo ngombe cemoe-ne Yu Mi… Gak krasa, lampu-lampune Bioskop Lawu wis dipateni. Perpustakaan Kota mBediyun ing sebelah kiwane Bioskop ya wis mati lampune wit mau. Hotel Merdeka ya wis kat mau lampu ngarepe wis dipateni, lan Jalan Pahlawan sing diadepi cah loro mau yo wis sepi lan ming siji loro becak sing isih wira-wiri ngeterke penumpange..

Sing cah loro mau ora ngerti, sak jane jam 19.00 Sentul Kenyut sing nggawa sepeda jengki werna biru samber lilen merk Phoenix “Made in China” ketemu karo Sriwilkutil sing nggawa sepeda jengki uga ning werna abang mbranang samber lilen ya merk Phoenix, pas neng ngarepe emperane toko obat “Eng Tjeng Ho”..

“Sentul, kowe wis ngerti rak yen sesuk kuwi Dina Palentin ?”, pitakone Sri

“O alah Sri..Sri..mosok aku ora ngerti Dina Palentin kuwi opo. Sak joge jaman Landa sing jenenge Palentin kuwi wis ono”, jawabe Sentul Kenyut kenes sekenes jenenge..

“Lha terus, awake dewe arep ngapa yen sesuk misale Kampret karo Klombrot arep ngewenehi awake dewe kartu ucapan Dina Palentin ?”, pitakone Sentul..

“Yo ora apa-apa, ditampa wae lha wong artine tondo cintrong ngono lho..”, jawabe Sriwilkutil kanthi nyibakke rambute sing kriwil-kriwil kriting..

Singkat cerita, cah wedok loro mau terus tuku coklat Silper Kuin sak bocah siji kanggo sesuk esuk diwenehne yang-yangane dewe-dewe..

Tapi Sentul Kenyut lan Sriwilkutil sing weruh sak durunge winarah rada khawatir ngerayakne Dina Palentin soale neng masa depan ana sakwijining guru agama sing ora setuju yen Dina Palentin dirasakke soale “Ati-ati lho ya para kawula muda, Dina Palentin isok nyebabke kaormatan para wanita isok ilang”…

Mosok to kaormatan ilang Pak Guru, lha wong iki ming masalah kartu ucapan lan permen coklat kok…

Tapi ing jero atine cah papat mau : Klombrot, Kampret, Sentul Kenyut lan Sriwilkutil ngucapke neng sampeyan kabeh “Hepi Palentin yo epri bade”…

[Jika anda ingin menerjemahkan tulisan ini, silahkan catat URL posting ini dan masukkan ke http://translate.google.com/ dan masukkan URL tadi di search bar yang ada, diterjemahkan dari “Boso Jowo” ke “Bahasa Indonesia”. Selamat mencoba.. For those of you who want to translate this posting please note the URL of this posting, go to http://translate.google.com/ and enter the URL in the search bar after you decide to translate it from “Boso Jowo” to “English”..]

15 Comments (+add yours?)

  1. krismariana
    Feb 14, 2009 @ 08:17:08

    wah… bikin saya jadi serasa mudik, nostalgia. ingat gedung bioskop lawu, jadi ingat gado-gado enak yang dijual di depan situ dulu. rasanya dulu Lawu itu jauh dari rumah. padahal jalan bali dan jalan pahlawan itu kan cuma “sak plintengan” saja … hehehe.

    Krismariana,
    Waktu kita kecil dulu, jarak yang dekat kelihatan juaauuuhhh.. Misalnya Jalan Bali ke Jalan Pahlawan kan cuman 2 blok jaraknya tapi anda bilang juaauuuhh…
    Begitu pula saya, dulu waktu kecil perasaan jalan di depan rumah saya itu lueebaaar tapi sekarang setelah gede (dan tua) jebul jalan itu untuk simpangan 2 mobil saja susah, kecuali jalannya agak pelan…hehe..

    Reply

  2. Agung
    Feb 14, 2009 @ 12:20:46

    wow..
    bahasa dewa…
    hahahaha..

    Iya nih, bahasa dewa di “wayang orang”… 😉

    Reply

  3. selvy
    Feb 14, 2009 @ 12:50:06

    Yah, pak, google translate nya ga ada yg boso jowo >.<

    Selvy,
    Ya deh nanti saya nyumbangin translator Boso Jowo ke bahasa Inggris… 😉

    Saya nulis pakai boso Jowo soalnya sudah janji di “About Me” bahwa blog ini menggunakan 3 bahasa : bahasa Indonesia, bahasa Inggris, dan boso Jowo…

    Reply

  4. _subhan_
    Feb 15, 2009 @ 07:47:33

    nda ad pak, yg bahasa jowo..

    saya translate pake bahasa vietname ma german jg ga bisa.. hehehe….

    hepi valentine pak…

    Kang Subhan,
    Hepi Valentin juga…hehehe… 😉

    Reply

  5. liswari
    Feb 15, 2009 @ 11:51:02

    Yahh Om, request nich dari yg suka baca blog nya… jangan pake bhs jawa dech.. gak ngarti soalnya hehehe

    Mbak Lis,
    Justru di situ pointnya, kalau belum bisa bahasa Jawa..ya tinggal nanya ke orang sebelah…yang sempat tinggal 2 tahun di Yogya..

    Hwekekekkekkek…. 😉

    p.s.: BTW, saya sudah janji bahwa blog ini trilingual : English-Indonesian-Boso Jowo. Kalau nggak percaya, baca di “About Me”. So, occassionally I have to write in Javanese too…

    Reply

  6. liswari
    Feb 15, 2009 @ 11:51:37

    Tapi tetep.. happy valentine juga… 🙂 do u really celebrate?

    Iya….kita berempat sempat merayakan Valentine Day dengan makan soto kudus ayam kampung di Mal dekat rumah…minumnya jeruk panas, markisa panas, dan teh manis hangat…

    Ya minus lilin sih, tapi not bad lah…. 😉

    Reply

  7. TOTOK
    Feb 16, 2009 @ 11:24:12

    Wah, sampean apa sudah terlalu lama nggak nginjek bumi mbediyun cak Tri. Lha wong Bioskop Lawu wis dijual saiki dadi Sriratu je….

    Jujur saja saya ya nelongso asete Pemkot Madiun dijual begitu saja. Soalnya Bioskop Lawu punya kenangan sangat mendalam di benakku. Sejak SMP nek pacaran kalaro Indyah arek 3B yo mesti nonton nang Lawu. Meski nonton di kelas VVIP palingd epan he…..he, tapi asyiknya selangit.

    Bayangkan cak, ketika itu kita masih imut semua, tontonane Ranjang Siang Ranjang Malam. Yang romanis ya nonton Cinta Pertama yang dibintangi Slamet Rahardja dan Chrintine Hakim. Tapi ternyata lebih romantis yang nonton, soalnya begitu keluar dari gedung Lawu, nggak tahu deh, gimana jalan ceritane…..

    Yang lebih melas lagi gedung bioskop Ardjuno, utara aloon-aloon iku cak. Sampek saiki koyok rumah gondoruwo. Umpomo aku jadi konlomerat gitu, mesti tak tuku terus tak petak-petak, biar yang biasa pacaran di aloon-aloon pindah tempat, gak ketok uwong ha…..ha.

    Internetku saiki rodo kenceng cak, bandwidht ambil di Indosat. Katanya ono rego ono rupo, pancen betul cak. Rupane apik, regone yo masya allah he…. Tapi dietung-etung masih fisible, jadi ya diembat saja sama anakku. Sekarang sudah wus…wus…wus

    Cak Totok,
    Iyo sakjane sayang asset-e Pemkot Madiun dilebur dadi Sri Ratu, sakjane aku yo wis ngerti Bioskop Lawu wis ora ana. Lha ceritaku mau kan cerita jaman biyen, pas toko obat isih jenenge Eng Tjeng Ho padahal tahun 1967 kan wis ganti Enggal Waras…hahaha…

    Syukurlah internetmu wis wus..wus..wus…mula bisnismu ya semangkin maju rak iyo to. Buktine, kon wis lali yen arep utang aku….hehehe… brarti kon rak wis duwe duwit dewe saiki iki….hihihi…

    Reply

  8. TOTOK
    Feb 16, 2009 @ 18:46:19

    ha…ha….. soal duwik cak, aku saiki ora pati karep, tapi harus ada. Tapi soal utang lain lagi ceritane. Kalau ada kesempatan utang, ya disaut. Ojo banter-banter yo tak kandani, internetku isok wus…wus…wus mergo yo oleh utangan.

    Sayangnya bukan pemerintah sing ngutangi. Sebab posisiku rodo ruwet cak. Mau masuk katagori yang dapat pinjaman KUR tanpa agunan ora cocok, jarene ora pantes. Tapi kenyataanne aku saiki termasuk korban krismon 1997 sing durung isok ngadeg. Paling-paling saiki lagi mbrangkang maneh, he…he.

    Sekarang saya lagi bersaing sama Speedy. Aku pakai brand image FASTER, bahkan promosiku ”SIAP DI DAERAH TERPENCIL SEKALI PUN”. bahkan untuk home cumak Rp 75.000, unlimited up to 1 mega cocok untuk para blogger di desa-desa.

    Bahkan rencananya, he…he..he, (iki yo soko sawabmu cak), rencanane kerjasama karo Adira (nah utangan maneh) bikin warnet di tiap kecamatan. Bagi siapa yang pengin buka warnet tapi dana tidak mencukupi, kami bantu kreditnya woooww keren.

    Tentu semua ini idealismenya untuk pendidikan anak-anak desa. Opo maneh saiki mulai SMP sudah wajib internet.

    mugo-mugo frekuensi 2,4 tetep bebas, jadi kita-kita bisa membantu adik-adik di daerah terpencil mengenal internet.

    Cak Totok,
    Yo..syukur bisnismu wis mulai mbrangkang, yo soko sithik-sithik suwe-suwe rak kebak duwik..hehehe… Yen aku tetep berdoa untuk kemajuanmu cak, sesama orang tua dilarang saling mendahului….
    Sing paling penting kan niat kita untuk bekerja keras, jujur, dan mempunyai business plan. Kalau business plan kita bagus, banyak kok dana-dana nganggur itu ingin tersalurkan dengan sangat berguna, daripada “digoreng” untuk main saham yang ujung-ujungnya di tahun 2008 saja rugi sekitar 50% !!

    Dan semangat mengentaskan kemiskinan dan kebodohan itu mestinya menjadi program pemerintah, karena pemerintah pusat dan daerah sudah punya target capaian di MDG (Millenium Development Goal). Aku mau nulis tentang hal ini kapan-kapan di blog saya kalau lagi sempat… (saiki isih dikejar-kejar pekerjaan rutin kantor lan proposal untuk kang minyak yang lagi minta bantuan…hehe)..

    Reply

  9. totok
    Feb 17, 2009 @ 18:05:48

    Nah, sampean saiki dikejar-kejar pekerjaan. Lha aku saiki juga dikejar-kejar orang pasang internet. Sementara tenagane dikit, jadi ya antreee……

    Cari tenaga kerja di Madiun ternyata susah. Padahal pengangguran mbudak. Mereka maunya kerja kantoran di tempat ber-AC, gaji gede. Sementara kerja penekan pasang antene gak ada yang mau. Mereka pilih nganggur atawa ngamen. Padahal sekali pasang untuk 2 orang honornya satus sewu. Lak lumayan to cak untuk ukuran mbediyun.

    Di Mbediyun memang masih terganjal status. Yang namanya pekerjaan adalah orang kantoran, sedang yang berbasah-basah keringat itu kelasnya kuli pasar.

    Makanya tulisanmu tentang MDG pasti menarik. Apalagi kalau dikaitkan dengan ethos kerja orang kita yang seperti itu, jelas masih jauh panggang dari api. Tapi nek ayam panggang, nang cedakku enek cak. Hueeeenak, tapi yaitu tadi, larang, mergo aku isok masak dewe sing luwih enak dan luwih murah. Engko nek sampean nang mediun, tak masakke ayam panggang, tapi ayame tuku nggowo dewe he….he.

    Ok selamat bikin proposal nyak-minyak.

    Cak Totok,
    Wah…aku sedino mau uthuk kerjo neng kantor, wiwit esuk uthuk-uthuk sampek kantor-e arep ditutup soale AC-ne wis dipateni (hemat energi, jarene). Critone saiki aku didapuk dadi CE (diucapne “si-i” singkatan sokok Chief Engineer) dengan pangkat IV/c setara Kolonel. Lha sopok sing rak gelem ?

    Tapi jebule pangkate mundake jik kapan-kapan tapi kerjoane wis uakeeeh. Mungkin koyok ngene iki sing dijenengno “berrakit-rakit ke hulu, berenang-renang ke tepian” alias “ojok sik ngguyu, ngguyune mengko ae wae”…hehehe…

    Proposal nyak-minyak yo tekone ndadak. Miturut pengalamanku sampek umur selawe saiki (tapi balikin sik ongkone), ternyata rejeki kuwi tekone sokok kekoncoan. Misale sampeyan jarang utowo rak nemu blogku biyen, pasti kon isik nganggur momong putu thok saiki. Mboso sampeyan sering ngeblog lan ngobrol neng blog, sopo ngerti semangatmu dadi semangat 45 lan kabeh-kabeh mbok tantangi “Ayo meneki gendeng nek wani !”. Jebule, wis mbok wenehi satus ewu wong loro gak onok arek lanang mBediyun sing wani. Coba nek onok arek wedok sing wani, pasti sampeyan sing mlayu sipat kuping soale isin yen nginceng neng nduwur…hehehe…

    Cobak ongkos satus ewu mau mbok tingkatno nganti satus yuto, wis pasti wong mBediyun ngantri rame neng ngarep omahmu ngalahne antriane “Ponari Sweat” dukun cilik…hihihihi… Sing sabar den, njupuk ae arek lulus STM, lulus SMP utowo arek putus sekolah, utowo arek sing yatim piatu terus didiken kon menek-menek mengkono, suwe-suwe rak gelem. Sakjane akeh lho cah enom sing ra gelem dikongkon meskipun mbok wenehi satus ewu, tapi coba kudangen wah le kowe kuwi sak jane ngguanteng lho le nek manut karo aku, pasti dekne njur gelem..

    Opo ono to cah sing ra gelem disebut “ngguanteeeng”. Iyo to ?

    Wis yo sakmene ndisik mengko ndak kakehan critane njur ngalor-ngidul. Aku sampek saiki durung krungu kabar kapan diundang neng mBediyun maneh, tapi sing jelas saiki aku lumayan sibuk. Mbukak blog lan Facebook meh gak sempet yen lagi neng kantor…

    Reply

  10. totok
    Feb 18, 2009 @ 21:12:20

    betul cak, blog sampean iku sak liyane gae obat rindu, juga sebagai pemicu semangat 45. Soko blog sampean bisa memunculkan banyak ide. Termasuk saiki aku lagi nyedaki indosat sebagi mitra anyarku. Sopo ngerti, jare sampean onok bantuan utang bunga ringan, lak lumayan gae tambah modal. (utang maneh, sampean mesti bosen moco kata ”utang”) he,…..he.

    Syukur cak, sampean yo mundak pangkat dadi ”kolonel” nek isok sampean munggah dewe dadi jendral. Cumak hirarkine, kudu nggawe dewe alias dadi wong swasta koyok aku. Masiyo saiki aku termasuk kaum proletar, tapi konco-konco nang mbediyun nek nyeluk aku isih nggae sebutan ”bos” he….he…eh

    Saiki cah wedok ora isok diinceng cak, soale podo nggae clono. Lha sing lanang ganti nggae rok. Soale nek isok dadi bencong, sopo ngerti digaet produser sinetron, kan lumayan masiyo dadi figuran. Sing penting mejeng ha….ha.

    Lha malah tukang menekku saiki dudu arek STM utowo SMP. Sing siji alumnus Fak. Pertanian Unibraw, sing 2 Fak. Sosial Unibraw, lha sing siji lagi lulus Fak Hukum UGM. Opo ora hebat. Isuk-isuk wis ngangkat ondo, pipo karo antene, tapi mereka ternyata bangga juga. opo maneh nek sing pasang onok cewek ayune he…he

    Ternyata setelah tak telusuri, mereka mau begini karena pengalaman urip nang kuto liyo, membuat mereka biasa survival.

    Jadi menurutku, nek wong daerah mlebu Jakarta lebih hebat karena mereka dipaksa untuk survival. Sedang yang tetep ngendon nang mbediyun, cita-citanya tetep pegawe negeri ditunggu sampek tuwek.

    Makanya orang yang berhasil rata-rata pernah ngumboro tekan ngendi-endi. Dadi ora kaget yen sedino cumak mangan sepisan. Kiro-kiro Tukul, nek tetep nang ndesone yo tetep katrok, ora isok dadi miliarder koyok saiki he…he.

    Makane arek enom kudu wani keluar kandang, ben isok ngrasakke, yo opo sorone nang paran. Jadi mereka juga bisa menghargai sebuah profesi, apa pun profesi itu.

    Cak Totok,
    We…lha…yen cak wedok ora isok diinjen soko ngisor soale wis nggawe kathok jin, lha saiki dicoba we nginjen soko nduwur…soale pegawaimu kan seneng nginjeni cewek sambil penekan masang antenna…hehehe…

    Indosat opo perusahaan-perusahaan besar biasanya punya skema CSR (Corporate Social Responsibility) yokuwi menyisihkan 5-10% labanya untuk membantu ekonomi warga sekitar. Dadi sebaiknya memang ditakonke Indosat Madiun (seberange Pemandian Purbaya) isok mbantu ora ? Tapi aku nate nang Indosat Surabaya, jarene wis wiwit 5 tahun lalu Cabang Indosat sing onok kuwi neng Kediri sing ugo membawahi Madiun. Dadi kon kudu neng Kediri nakokke. Utowo langsung neng Indosat Surabaya dekat hotel Ina Simpang tempat aku nginep biyen (gedunge 8 lantai, aku kenal karo boss-e Jatim lho)…

    Yo, arek sing nate ngambah Jakarta opo Surabaya biasanya lebih “taf” dalam bekerja lan roso isine wis entek. Lha la opo isin yen ujung-ujunge ora mangan ? Luwih becik cengengas-cengenges kerjo serabutan tapi menghasilkan uang ? Sopo ngerti mengko nasibe segera berubah. Yen sampek modar nunggu diangkat pegawai negeri itu yo sulit, kecuali sekolahe pinter, rapote A kabeh, lan jaringan temannya yo luas, lha iku lagi gampang dadi PNS (anakku sing cilik diterimo PNS neng kantorku, tapi dekne luwih becik dadi pegawai kang minyak…)..

    Reply

  11. totok
    Feb 19, 2009 @ 10:28:46

    Bener cak, wong sing tau ngumboro iku mesti tahan banting. Aku yo ngrasakno koyok ngono. Wektu kuliah nang Akademi Wartawan Surabaya, pagi-pagi aku dadi kuli bangunan.

    Wektu iku aku nate ngecet hotel Hyaat Suroboyo, bergelantungan kepanasan. Waktu iku gak kepikiran blas, nek suatu saat aku isok turu hotel lebih mewah lagi, di luar negeri lagi.

    Jadi akhire aku duwe prinsip, lakukan apa yang ada di dekatmu, nanti akan membawa kamu ke muaranya. Iku bener cak, koyok iklane pipo PVC, dimana air mengalir he….he….

    Yes, soal CSR pasti tak upayakan. Syukur nek ketemu bos Indosat, jenengku diselipno, dadi nek aku gae proposal, bos indosat eling jeneng sing sampean selipno mau. He,,,…he kkn .
    Nek bose indosat Madiun aku wis kenal apik, gaene yo dolan nang kantorku. Eh….dudu kantor, tempat ngepos saja.

    Bener juga cak, wong wedok saiki gak isok didelok soko ngisor. Soale sing bukak malah sing nduwur. Aku eling onok lagu, ”sing dicolong sing gemandul niku” lha piye gondal-gandul diumbar nek mlaku sampek koyok bendera berkibar.

    Anak sampean pinter cak, gak gelem dadi PNS. Mending nang Kang Minyak, bayare okeh. Dadi PNS jare nek gak korupsi gak isok sugih. Contone sampean ha….ha…ha.

    Memang nek saiki gak mau melihat kenyataan yo gak isok mbadog tenan. Meski dadi tukang pasang antene, tapi setiap malam MInggu isok gae nraktir si doi, tul kan?

    Cak-e Totok-e,
    Wah…yen ketemu bos Indosat Madiun, salam dari saya. Bilang aja nanti kapan-kapan saya sowan, say Hi. Soalnya kancane dekne sing boss Jatim & Nusra, ex boss Kediri, ex boss Malang kabeh aku wis kenal. Malah neng kantore mereka, kita sempat sembahyang Azar bersama (imam-e yo boss mau)..

    Yen rumangsaku arek wedok saiki gak iso diinjen sokok ngisor, sokok nduwur yo ora iso, soale bagian “brutu”-ne malah ketok ngeglo kok saiki. Aku nyebut-e “klambi utowo celono model brutu”, soale kabeh-kabeh brutune ngobleh. Sampeyan mlaku wae neng Mal-mal populer di Jakarta. Sambil ngombe A&W (American Wedang) sak sore kon wis isok ndelok ewonan brutu. Iku nek kon doyan brutu lho…hehe..

    Masalah golek pangan, intine ojok isin soale mengko yen golek pangan-e isin yo ora mangan tenan. Biyen neng asramaku neng Amrik onok arek wedok ayu keturunan India tapi dekne wong Malaysia. Yen sore dekne nyambi tukang cuci piring neng asramaku (dekne yo manggon neng kono) sejam oleh limang dollar. Tapi dekne gaya isin yen ketemu wong-wong Indonesia. Dadine aku yo rodo sedih ngono. Maksude, yen nyambi mbok sing tatag to mbak. Toh kuwi mau gawean khalal to ?

    Reply

  12. totok
    Feb 20, 2009 @ 13:02:51

    OK-lah ntar tak sampekno salam sampean nang Pak Arif, bos indosat mbediyun. Wonge ngganteng, gak koyok awake dewek, ora ngganteng tapi olehan ha…ha.

    Nah, opo yo kebiasaan wong malaysia karo indo sok isinan yooo. Nyambut gawe entuk 5 USD kerjo sak jam kan huakeh cak (tapi nek nang indonesia). Lha nek sedino kerjo 5 jam, wis 25 dolar, luwih soko 250 ewu sedino.

    Bayaran sak mono nang mbediyun gawe tuku sego pecel, wis isok nraktir wong sak kompi. Embuh maneh nek nang Amrik, kiro-kiro cumak entuk getuk goreng sak lining he…he. (soale getuke kudu numpak montor muluk).

    Cak Totok,
    Neng Amrik (akhir tahun 1980an) suasana kerja masih enak, alias pekerjaan banyak. Kemanapun kita pergi ke pertokoan itu, selalu ada karton kecil ditempel di depan pintu “Help Wanted” (ada lowongan)..

    Temenku dadi loper koran, sebulan dapat gaji $ 1,500 (Rp 15 juta lebih). Enak juga jadi pengantar pizza, satu kali nganter dapat tip antara $ 2 – $ 5 tapi sering digonggongi anjing dan digigit anjing…hehehe…

    Reply

  13. simbah
    Feb 21, 2009 @ 20:19:07

    Totok bener dik Yon..!,….sungguh wong asli mBediyun numpak Pit isin. Kenapa saya bisa bilang begitu. 8 tahun lalu pindah ke Mediyun, trus kemana-mana ngepit. Tetanggaku seperti gak percaya kalau justru aku sangat menikmati sepeda. Meski di carport memang masih ada mobil ecek-2. Dadi kesimpulane wong numpak Pit neng Mediyun status sosiale pra-sejahtera. Padahal, jarene neng benua Eropa sana, mobil hanya untuk week-end, sehari-hari mereka bersepeda. Lha wong Mediyun, masak tuku sego pecel mung rong atus meter soko omah wae numpak Mobil,…wah..jan-jane sing ndeso ki kelakuanku po piye yo..??
    Mung emane, Mediyun saiki tambah crowded, gak seperti 8 tahun silam. Wektu kuwi numpak Pit, jian enak tenan, jalanan lengang, beraspal mulus tapi masih jarang yang lewat maupun ngebut. Saiki kudu ekstra ngati-ati, soale akeh wong numpak motor karo mendem, utamane nek mbengi…

    Simbah,
    Kebetulan aku mempelajari teknologi-teknologi transportasi apa yang bisa mengurangi pemanasan global. Aku nulis pakai bahasa Inggris, sing mbetulin professor soko Jerman. Kata si professor, banyak kota-kota di berbagai negara Eropa yang orangnya kalau pergi ke kantor sudah naik sepeda, bahkan jalan kaki !!! Motorcycle (kurang dari 150 cc) seperti yang ada di Indonesia jarang, sing cukup akeh motorbike (lebih dari 150 cc).

    Nah, Indonesia iki aneh, jumlah motore sak abreg. Coba sampeyan lewat di depan SMA-SMA di Jakarta termasuk pinggiran Jakarta. Hampir semua tempat parkir penuh sepeda motor ! Padahal jaman kita SMA biyen sing numpak motor paling 10-15 orang saja…

    Yo iki tandane jaman maju opo mundur yo ? Nek menurut global warming, jamane tambah mundur…

    Reply

  14. simbah
    Feb 22, 2009 @ 10:24:25

    Iya…dik Yon!! saya sudah nyicil kawatir menurut koran, efek pemanasan global datang lebih cepat dari perkiraan semula, sekarang tiap tahun garis pantai sudah naik ke arah daratan 10 milimeter… trus ‘mang usil’ nyeletuk, lah entar 2012 menurut kalender bangsa Maya wis entek, dadi gak ada lagi tahun 2013 dunk…??? he…he…

    Simbah,
    Katanya..efek pemanasan global begitu ngedap-ngedapi lho. Jumlah katak di dunia sudah punah 70% baik secara kualitas (jumlah species) maupun kuantitasnya. Begitu juga jumlah anjing laut telah turun drastis sekarang tinggal 30%..

    Dulu tahun 1982 saya datang di Pontianak dari udara kelihatan hutan gung liwang liwung jalma mara jalma mati. Tahun 1995 saya datang lagi ke sana, banyak tunggul dari pohon-pohon berakar papan. Sampai saya nanya ke teman saya, “Mas, menurut sampeyan siapa yang berdosa menghabiskan hutan Kalimantan ini ? Belanda, Jepang, Orla, atau Orba ?”. Dulu saya tidak tahu jawabannya…

    Beruang kutub juga sudah kehabisan es buat “rumah”nya sehingga mereka dengan nakalnya menghampiri permukiman penduduk dan mengorek-ngorek tong sampah dan mulai makan makanan manusia..

    Maka, tanggung jawab kita sebagai manusia, berusaha ikut mengurangi pemanasan global itu dengan cara : kalau tidak perlu banget, jangan naik motor atau mobil, tapi sebaiknya naik sepeda, dokar, becak, cikrak, atau malahan jalan kaki (waktu saya SD dulu saya sering jalan dari rumah saya ke Klethak lore stasiun KA tempat Bu De saya, waktu itu enjoy aja tuh dan tidak panas. Sebenarnya nggak terlalu jauh sih..)..

    Mengenai kalender Maya yang dunia ini habis Desember 2012, kan sudah sering kita ngalaminya. George Orwell dalam bukunya “1984” ia bilang dunia kiamat tahun 1984. Y2K karangan orang Amerika bilang akan terjadi kekacauan komputer yang mempengaruhi semua sistem kehidupan manusia di tanggal 1 Januari 2000. Ternyata semua salah, dan manusia masih hidup damai sampai sekarang (walaupun sudah semakin sesek di perkotaan, tapi mungkin masih lowong dan longgar di pedesaaan)…

    Menurut kitab suci, kiamat kan dibagi 3 : Kiamat Kecil (orang secara individu meninggal dunia), Kiamat Sedang (orang meninggal secara bersamaan karena bencana alam gunung meletus atau tsunami), dan Kiamat Besar (bumi kita bertubrukan dengan planet lain dan terjadi “Buuuum…” yang dahsyat dan semua makhluk tewas)…

    Dan tugas kita adalah menyiapkan, bila harinya tiba, kita bisa menghadapinya dengan tenang dan sukses…

    Reply

  15. simbah
    Feb 22, 2009 @ 19:34:59

    Iya Dik Yon,….dulu aku juga pernah jalan kaki dari rumahku di Taman ke Winongo, ke rumah embahnya Hari Diananto temanku SD, menyusur rel KA dari kreteg prajuritan ngulon terus, disuguhi sego thiwul lawuhe jangan lodeh terong karo sambel trasi, jian enak tenan. Lagian betul waktu itu gak merasakan panas, padahal ‘nyeker’ tanpa sandal maupun alas kaki apapun. Lha sekarang neng Mediyun otowo Sarangan lha kok Panas…??
    Di perusahaan tempatku mencangkul, telah diterapkan manajemen iso-14001 telah pula dapat award dari menKLH, kategori hijau. Pemakain kertas sangat dibatasi, makanya tidak heran kertas wolak-walik dienggo, kecuali dokumen penting….

    Simbah,
    Yen saiki mlaku saka Taman nganti Winongo bengi jam 12 wengi yo ora apa-apa, mungkin asyik. Tapi njur dicurigai petugas ronda dikiro arep ngopo-ngopo. Soale yen awan kan puanasss nass… Jaman biyen pancen ora patiyo panas kok…dibanding saiki..

    Reply

Leave a reply to simbah Cancel reply