Kakang Kampret di Jalan Kompeni

Sak wise kapan gerakan para muda sing senengane baris-berbaris, mangumbara neng alam bebas, lan seneng ngabiantu wong liya dijenengake Pramuka ? Nek miturut aku kuwi mestine sak wise tahun 1963, amarga ceritaku neng ngisor iki kira-kira ing tahun 1961 sing piye gerakan kaya mangkono iku isih dijenengake Pandu. Kanggo bocah cilik sing isih ana Sekolah Rakyat (SR) ya melune Pandu kelas Kurcaci utawa Pandu Kurcaci.. 

Cerita singkate ing sekitar tahun 1961 mbakyuku sing paling mbarep saben Sabtu lan Minggu sore ngumpul neng Kantor Kelurahan Mojorejo minangka maelu kegiatan tambahan sing dijenengake Pandu Kurcaci. Aku sing wektu iku isih umur 5 tahunan isih durung ngerti mbakyu mbarepku kuwi neng Pandu Kurcaci diajari apa wae. Sing jelas, ketoke mbakyu mbarepku iku seneng banget buktiku nek pas mulih saka kegiatan Pandu Kurcaci ceritane akeh banget, wis pokoke nyerocos kaya pancuran neng Sedudo.. 

Sak ben bengi sak durunge wayah turu, aku lan mbakyuku sing nomor loro wis dikongkon leyeh-leyeh neng pat tidur. Sak wise adike loro mapan arep turu ning isih melek, mbakyu mbarepku ngadeg neng pat tidur lan wiwit nyanyi. Wektu iku sing jenenge pat tidur biasane saka wesi sing ana klambune soale akeh jingklonge ning wektu iku durung ana obat jingklong, sing ana ming sapu lidi sing disimpen neng pat tidur. Sapa ngerti ana sak wijining jingklong sing nakal lan nerobos klambu, wis mesti wae njur dipateni karo sapu lidi marang ibuku utawa mbakyu mbarepku.. 

Singkate cerita, balik neng awal crita, aku lan mbakyuku wing nomor loro wis dikongkon mapan turu karo mbakyuku sing mbarep, terus mbakyuku sing mbarep bergaya ala Pandu Kurcaci karo ngadeg nyanyi kanti swara sing banter banget :    

    Kakang Kampret di Jalan Kompeni

    (1,1,1,6,6,5,4,5,6,4)

    Tiap hari naik eksposisi

    (4,6,6.5,1up,2up,6.5,6,6.5,1up,6)

    Naik gunung turun gunung

    (4,4,4,2up,2up,2up,2up,2up)

    Kakang Kampret lalu kecemplung

    (4,4,4,1up,1up,1up,1up,1up)

    Kakang Kampret aduh aduh biyung   

    (4,4,4,6.5,6,5,6.5,6,5,4) 

Mangkono ping siji, diulangi maneh ping loro, diulangi maneh ping telu, terus mbakyuku sing mbarep ngongkon awake dewe cah loro nerokke deweke nyanyi, sampe lambe meniren lan ngelak pengin ngombe (ampun…ampun… wis mandega nyanyimu…).. 

Pas matane kene cah loro wis mendrip mendrip meh ngantuk, mbakyuku sing mbarep nutup nyanyinye karo lagu sing ora suwe diepek karo negara tetangga neng lor kuwi : 

    Rasa sayange

    Rasa sayang sayange

    Pandu Mojorejo

    Rasa saying sayange

(aku ora nyatet not baloke soale kowe kabeh sing maca iki rak wis mudeng tho karo nyanyian kuwi, lha mosok rung mudeng..pantes wae diepek karo negara tetangga..)

Matane kene cah loro wis sangsoyo dalu sangsoyo mendrip-mendrip, mbakyu mbarepku ya wis meniren lambene, sak wise ngombe banyu kendi sak gelas, mbakyuku melu mapan turu neng pat tidur…

Ing pungkasane, sing dienteni suwe teka. Ibu mlebu pat tidur lan melu mapan turu. Dadi posisi turune saka sing paling tengen : ibu, aku cah ragil, mbakyuku nomor loro, lan mbakyuku sing mbarep.. 

Kaya biasane Ibu ndongeng “Kancil nyolong timun“ episode 24 yakuwi kancil dikerangkeng karo pak tani arep dibeleh, ning karo akale sing IQne 164 kaya Miranda Gultom si kancil ngapusi gajah sing awake gede kanti cara si gajah dikongkon mlebu neng kerangkeng ngganteni si kancil soale mendunge arep ambhleg alias udan deres angin lesus gambul ora kira kira… 

Sakmene disik cerita iki. 

== Cuthel ==  

14 Comments (+add yours?)

  1. edratna
    Nov 16, 2007 @ 07:15:42

    Hehehe…olehku maca kekelen nganti nangis. Tibane aku ndisik koyo ngono yo? Hahaha…pantesan anakku loro yo pada cemriwis.

    Reply

  2. tridjoko
    Nov 17, 2007 @ 00:25:09

    ya kuwi mau rak crita ritual kene biyen cah telu karo ibu sakdurunge turu bengi. ora ana setu utawa minggu, ya ngono kuwi terus ritual saben mbengine

    Reply

  3. Paman Tyo
    Nov 21, 2007 @ 14:22:50

    Manawi jaler pandhu, manawi estri kurcaci. Mekaten nggih?

    Lajeng sakwiwitipun Orde Harto mboten wonten malih pandhu utawi paadvinder ingkang adhedhasar agami lan golongan. Sadaya dipun lebur ing Kojarsena (Korps Pelajar Serbaguna) ingkang salajengipun dados Praja Muda Karana.

    Pak Bondan Winarno kadosipun langkung pirsa bab kepanduan.

    Reply

  4. tridjoko
    Nov 22, 2007 @ 07:51:45

    Hallo Paman Tyo, sugeng mampir ing blog dalem. Wah, dalem inggih sampun nyambangin blog njenengan. Wah, jan gombaaaal tenan pantes dijenengake Blog Gombal.
    Izin nambah link ke blog njenengan..

    Reply

  5. febdianto
    Dec 03, 2007 @ 15:33:09

    halo pak Tri! saya Febdianto dari kelas 01PLT.
    saya baru buat blog pak, add aq ya di blogroll bapak Thanks ya!!
    baru pertama buat nich hikz, hikzzzzzz

    Reply

  6. tridjoko
    Dec 04, 2007 @ 09:42:21

    Hallo Febdianto : wah…blog-mu mau saya masukin ke blogroll saya tapi alamatnya dimana man ?

    Segera beritahu ya, ntar cepat kutambahin ke blogroll saya…

    Reply

  7. Andi
    Dec 08, 2007 @ 23:19:21

    Pak. Kie artine kakang kampret opo?
    kampret kan podho wae kelelawan ning bhs indonesia. So kethoke lirikne dadi aneh klo di terjemahke.

    Reply

  8. Andi
    Dec 08, 2007 @ 23:20:05

    Pak. Kie artine kakang kampret opo?
    kampret kan podho wae kelelawar ning bhs indonesia. So kethoke lirikne dadi aneh klo di terjemahke.

    Reply

  9. tridjoko
    Dec 09, 2007 @ 00:17:10

    “Kakang Kampret” dan “Mas Klombrot” adalah nama tokoh kartun yang dimuat secara harian di koran “Panyebar Semangat” yang beredar di Jatim tahun 1960an…

    Liriknya emang agak aneh, tapi saya curiga itu terjemahan dari bahasa Belanda ke bahasa Jawa-Indonesia..

    Anyway, semua pramuka jaman dulu di Jatim menyanyikan itu…

    Reply

  10. simbah
    Mar 01, 2008 @ 00:58:09

    Lha mBak Endang, ki mBakyumu sing nomer piro dik Yon, . .aku isih kelingan wajah manise, . . kapan kae nate ketemu kurang luwih th.1976 neng terminal Bis jl.Diponegoro, podho2 pesen karcis Bis, ning aku lali mBak Endang arep tindak endi. Sing aku kelingan piyambake ngunjuk obat Antimo nganggo coca-cola, sing dodol karcis Bis kaget !! : “Lho mBak ngunjuk obat kok nganggo coca-cola??”, . . .mBak Endang mung mesem bae, . . .wis biasa . . .jawabe . . .

    Trus piyambake neng endi saiki dik Yon ? putrane wis piro . . .??

    Reply

  11. Tri Djoko
    Mar 01, 2008 @ 09:11:35

    -> Simbah : mbak Endang itu kakak saya yang No.2 dulu sekolahnya 2 tahun di atas kita, juga lulusan SMP 2 (kita kelas I, mbak Endang kelas III se kelas sama Anggoro dan kakaknya Aisyah), juga lulusan SMA 1 (kita kelas I, mbak Endang kelas III sekelas sama Anggoro lagi, sama Cilik yang dulu latihan SH Terate bareng kita itu)…

    Mbak Endang yang bekerja sebagai dosen Undip mendapat S1 Agronomi dari IPB dan S2 dari Unpad, dan sekarang lagi ngambil S3 dari UGM (sedang nulis disertasi).

    Minum antimo dengan Coca-Cola ? Nggak heran mas, lha wong dia kan anaknya Gatotkaca he..he..

    Mbak yang sulung, Mbak Enny, barusan pensiun dari BRI KanPus Jakarta (blognya edratna.wordpress.com). S1 dari IPB dan S2 dari LPPM. Dulu mbak Enny SMP 3 dan SMA 1 tapi 6 tahun di atas kita, tapi dulu sempat latihan nari Jawa di rumah saya. Sampeyan pasti masih ingat dulu yang paling advance kelas narinya adalah mbak Enny dan mbak Uyan yang suka nari Bondan itu..

    Kami bertiga photonya ada di http://triwahjono.multiply.com/photos nih mas. Silahkan dipirsani…

    Reply

  12. simbah
    Mar 01, 2008 @ 23:18:56

    Ya, . . ya. . .matur nuwun ketrangane. Berarti nJenengan bersodara tidak ada lagi yg di Mediun ? Pantes, . . Mediun dadi sepi . . .mulo yen aku mlaku2 ngiras nggoleki kanca2 lawas durung nate ketemu . . ketemuwa, mungkin wajahe wis radha pangling . . .pernah ketemu kanca SMP-2 sekelas, jenenge Prayudi, saiki dadi Mayor AD bertugas neng kantor Zeni, jl. Kemiri, trus saiki pindah Suroboyo. .
    Woo Bu Edratna, ki mBak Enny tho, . . he. . .he gak ngerti aku . . .
    Nek mBak Endang, ya. . masih kelingan mesti samar2 . . .Anggoro juga kelingan . . .cuman nek saiki ketemu yo . .pangling . .33 tahun berlalu . .

    Reply

  13. simbah
    Mar 16, 2008 @ 14:56:12

    Asyii…k, saya dah dapat mbukak photo2 di multiply.com. Memang sampeyan awet muda Dik Yon. Saya punya dudutan, bahwasanya anda tidak pernah kena itu yg namanya ‘Sutris’ ya..? Dadi sik ketok suwegerr…. koyo semongko lagi dipethik..selamatlah nek ngono. Jujur, mungkin aku harus belajar mengeloloa ‘sutris’ supaya awet wet. . .enom . .he . .he. . .

    Reply

  14. tridjoko
    Mar 18, 2008 @ 12:40:21

    –> Simbah: Wah..mas Didiek, memang saya usahakan supaya nggak kenal apa itu “sutris” dengan cara saya yaitu ….tidur !!!!
    Karena saya kebanyakan tidur, maka kelihatannya nggak “sutris”..padahal itu cuman kamuflase aja ha…ha..ha…
    Enom apa tuwa, sing penting atine enom terus…he..he..he..

    Reply

Leave a reply to tridjoko Cancel reply